Sesaben pepanggihan
![]() |
|
Sesaben pepanggihan
Sajroning pukasaneng
pepangihan
Panyawang kang tumus ana lati
Ora…
ora bakal ana kang lara
Anamung pawedaran rasa
Laku kan tansah ka iring esem
jejek lampah mesti kapercayan
rasa bonggone pribadi kang
kawedar
kadang pancen kroso kaluwih
amugo pancen ana
duwe lan rasa
panyawang saking njobo
ora semono anggepe
piro-piro paningal
piro-piro roso
piro-piro suara
sedoyo anggep panggon kang
bener
masio kadang ora kasengsem
ojo cidro roso
ana kekurangane jiwo
manungso…manungso
kabeh podo
lepat lan lepat ingkah ana
njero jiwo
sedoyo kedah di tompo
kanthi roso legowo
alamun kowe biso
ananging tumindaka iro
kudu iso njiret
sakabehing angkoro
amirsani sopo siro
sopo sisih iro
sedoyo kang bakal urip ana
bunderane urip
kareben ora ngladrang nandang
lepat
ora mberet ati kang kahormat
kuciwone ati kang kadung dadi
mala
ora semono
kudu gawa esem saben
pepanggihan
esem legi
sak temene
kerote untuk kang nahan murko
polah sak polah kudu kapikir
ojo nganti dadekne lara sak klorone
kudu iso njogo
garis abang kang nate ana
Komentar
Posting Komentar